Sapa
kang Jujur Bakal Mujur
Ing
Desa Ngadipuro, ana tukang kayu jenenge Joko. Dheweke wong kang rajin lan tekun
marang penggaweane, ora males-malesan kaya adhike, Sumardi. Sumardi penggaweane
ora mesthi kadhang ngeritake sapine tanggane, kadang golek wedhi ing kali, kadhang
ya nganggur ing omah.
Wayah
isuk, sawise subuh Joko arep budhal neng alas golek kayu, pikire mumpung isih
esuk, durung ana wong liya kang golek kayu pisan, mula bisa oleh kayu rada akeh.
Pas arep budhal bojone Joko, Sumarmi njaluk diterake neng pasar njukuk gedhang
lan tela kang arep digawe kripik.
“aku
terna neng pasar dhisik mas!”
“aku
arep menyang alas dhik, selak awan. Wedhi kedhisikan wong-wong”
“iki
arep gawe pesenane wong-wong iki lo mas, aku ya ora kuwat yen nggowo dhewe, nanging yen ora gelem ngeterna ya wis ora apa apa!”
“ya
ya, tak terna.”
Joko
ngeterna bojone menyang pasar, ben ora diuring-uringi marang Sumarmi. Wong loro
kuwi numpak sepeda ontel warisane bapake Joko. Sepeda iku wis tuwa nanging isih
kuat amarga diopeni dening Joko. Dalane menyang pasar iku ngliwati sawah-sawah,
watara seprapat jam wong loro iku wis tekan pasar.
Sumarmi
banjur marani wong dodolan gedhang langganane ing pasar, Darsih. Dagangane wong
iku mesti entek, amarga wong iku adol gedhang kang apik lan regane murah.
Nanging, Sumarmi ora bakal kentekan, amarga wong kuwi wis ngerti yen saben dina
Sabtu Sumarmi mesti njupuk gedhang, mula dheweke wis diingahi dhewe.
Ing panggonane dodolan
gedhang kuwi, Sumarmi isih omong-omongan karo wong kang adol gedhang.
“pesenanmu
akeh ta Mi?”
“iya
akeh iki Dar, wong-wong akeh sing slametan”
“o
ngono ta ...”
“...”
Sumarmi
rada suwi ana ing kono, banjur dheweke eling yen bojone selak golek kayu ing
alas, dheweke banjur mbayar gedhang kuwi mau lan pamit. Uga Sumarmi tuku tela
ing langganane pisan. Nanging, wonge wis kentekan tela, amarga Sumarmi kesuwen.
Wonge lali yen saiki wayahe Sumarmi jukuk tela, dadi ora diingahi. Sumarmi
bingung arep tuku neng endi maneh. Ana wong adol tela nanging regane rada
larang, bathine yen tuku neng kono ora sepira. Nanging, arep kaya apa maneh,
kepeksan dheweke tuku ing kono.
Sawise
tuku gedhang lan tela, dheweke metu lan marani bojone banjur mulih. Ing dalan
Joko ngamuk marang Sumarmi amarga kesuwen ana ing jero pasar.
“kowe
iki wis takterna, aku iki ya selak golek kayu neng alas, ee kowe ngrumpi ing
jero!”
“sepurane
ta mas, iki mau isih kentekan tela, mula mubeng golek wong kang adol tela!”
“...”
Wong
loro iku isih uring-uringan nganti tekan omah.
Sawise
ngeterna sumarmi, Joko banjur budhal menyang alas. Dheweke gupuh, amarga wis
kawanen. Amarga yen wis awan, kayu-kayu kang rubuh ing alas iku wis entek
dijupuki wong-wong. Satutuke ing alas, Joko langsung golek kayu, mecoki
kayu-kayu karenane wong-wong mau. Nanging olehe ora sepira, ora kaya biyasae.
Dheweke wis muter-muter, nanging tetep ora nemu kayu. Dheweke banjur mulih,
nanging dheweke ora pati lega amarga kayu kang dioleh ora sepira.
Dalan
teka omahe Joko menyang alas iku ngliwati jembatan kayu tuwa kang jero. Mitose
jembatan kuwi biyen dibangun dening widadari-widadari saka kayangan. Kayu
jembatane iku saka kayu ajaib saka kayangan, dadi ora bakal bisa rubuh, kajaba
dirubuhake dening widadari-widadari iku dhewe. Iku ngono critane wong-wong kang
wis sepuh, wong-wong saiki ngono ora percaya karo ngono-ngono iku, nanging
kaluargane Joko isih percaya. Amarga biyen, buyute mbahe Joko tiba mlebu jurang
sanisore jembatan kuwi amarga jaran kang ditumpakine mbandang. Nanging bisa
slamet, amarga dislametake dening widadari kang tau mbangun jembatan kuwi.
Widadari-widadari kuwi teka neng ndonya saben 70 tahun sepisan, wektune ing donya
ya mung 7 dina. Kaya ngono critane wong-wong biyen.
Joko
banjur mulih, mlaku menyang omah iku karo ora lega atine, mula dheweke ora
ati-ati, pecoke ceblok marang jurang sanisore jembatan kuwi. Dheweke bingung
lan getun.
“duh
Gusti, kok bisa ta ceblok iku mau. Padahal iku pecok siji-sijine warisane bapak
kang bisa dianggo nyambut gawe. Saiki aku arep nyambut gawe nganggo apa iki...”
Joko
isih meneng lungguh ing sapinggire jembatan, amarga bingung. Banjur ana kaya
kilat putih sanisore jembatan. Joko kaget banget, dheweke rada wedi lan tambah
bingung. Ora suwi sawisih kilat, ana widadari kang ayu banget, metu saka nisore
jembatan.
“sapa
awakmu?”, jare Joko
“kula
tiyang sami kang nyelametaken mbah buyutipun panjenengan ingkang ceblok wonten
jembatan punika”, jawabe widadari iku
Jaka
bingung, wedi lan isih ora percaya. Widadari iku gawa telu pecok, ana sing saka
emas, perak, lan sijine iku pecoke Joko kang ceblok.
“kula,
ngertos yen panjenengan bingung amarga pecokipun panjenengan ceblok wonten
jurang punika”.
“iya,
kok kowe weruh?”
Widadari
iku meneng wae,
“punika
pecokipun panjenengan?”, takone widadari iku karo gawa pecok saka emas. Pecoke
nggilap lan apik banget.
“duduk,
pecoku ora kaya ngene iki”, jawabe Joko
“ingkang
niki?” (gawa pecok perak), Joko isih jawab yen iku duduk pecoke.
Dene
widadari iku gawa pecok saka wesi kang wis tuwa, ing gagange ana karete lan wis
elek, banjur takon marang Joko
“niki
pecokipun panjengan?”
“o
iya iya iki pecokku! Suwon-suwon wis dijupukake”.
Ndelok
kejujurane Joko, widadari iku seneng lan ngekekna kabeh pecok iku marang Joko.
Joko seneng banget, amarga pecoke wis ketemu, isih ketambahan pecok saka emas
lan perak. Banjur dheweke mulih lan nyritakake kadadeyan kuwi marang
kaluwargane ing omah. Bojone muji syukur marang Gusti kang wis ngekeki rejeki
marang kaluargane, banjur pecok emas lan perak iku mau disimpen dening Sumarmi.
Krungu
kakange oleh pecok emas lan pecok perak, Sumardi banjur menyang jembatan kuwi.
Dheweke nggawa pecoke kakange kang biasa dienggo golek kayu. Dheweke budhale
meneng-meneng amarga wedi didukani dening kakange. Sawisih tekan ing jembatan,
dheweke sengaja nyeblokake pecok kuwi, dheweke kepingin oleh pecok kang kaya
kakange. Dene, ana widadari pisan metu gawa pecok telu pisan. Widadari iku
nakoni Sumardi pitakon kang padha kaya pitakon marang Joko. Nanging, Sumardi
iki ora jujur, pas widadari nakoni “niki pecokipun panjenengan?” karo nggawa
pecok emas, dheweke ngomong, “iya iya iku pecokku”, widadari iku gela amarga
Sumardi iki ora jujur.
“panjenengan
kok mboten jujur? Niki sanes pecokipun panjenengan, nanging panjenengan
ngendikan yen niki pecokipun panjenengan.”
Sumardi
meneng wae
“kula
nyuwun ngapunten, pecok-pecok punika kedah kula betha malih, lan jembatan punika
kedah kula rubuhaken, amargi menawi jembatan punika tetep dipungadekaken, bakal
nyilakani tiang kathah.”
Banjur,
ora suwi jembatan kuwi mulai rubuh, Sumardi mlayu sabanter-bantere amargi wedi
mlebu ing jurang. Slamete dheweke ora ceblok menyang jurang.
“syukur
aku isih diparingi slamet, matur nuwun Gusti.”
Dheweke
mulih menyang omah. Kakange lan mbakyune bingung goleki pecok lan goleki dheweke.
Ketok Sumardi ing ngarep, Joko banjur nakoni dheweke
“kowe
teka endi wae ta, budhal ora pamit! Iki yawis bengi”
“kula
nyuwun ngapunten kang, kula wau saking jembatan wonten alas”
“lapo
kowe nang jembatan barang kuwi?”
Dene
Sumardi njlentrehake kadadeyan-kadadeyan iku mau. Joko lan Sumarmi kaget
ngerungokake critane Sumardi. Banjur Sumardi didukani dene Joko, nanging
Sumarmi nengahi wong loro iku. Pungkasane, Sumardi disepurani dening kakang lan
mbakyune.
Sawisih
kadadeyan kuwi Sumardi ora males-malesan kaya biyen maneh, dheweke saiki kerja
ngrewangi kakange golek kayu, lan ngeritake sapine Pak Lurah kang dititipake
ing omahe.
Ariella
Yoshi Fatanto
X
CI / 04
Cerkak
Basa Jawa